Puisi Untuk Ibu

Kok Kelingan
Karya: Ikah Enis Indrawati
Untuk Ibu Purwati
Ibu
Wong sing paling tak tresnani sak donya yoiku *IBU*
Uwong kang seneng ngapusi, nanging jaminane suwarga
Yaiku IBU.
Saben wayah, saben ndino, direwangi kerjo ketekuk ringkel, kanggo anak, awak sayah ora lumrah..
Ngendikane jare wis biasa,…….
Yen ono rejeki, olah2 nyisihke lawuh kanggo anak,……
Bareng anak mulih,……
Ibu ngendiko, gek maem kae ana lawuh iwak, Ibu ora pati seneng iwak,…….
Yen lagi olah2 sithik, ngajak maem anak…
Ibu ngendiko,
wis gek ndang maem, ibu ora luwe
Yen anak lagi lara, nganti tengah wengi anggone nunggoni,……
Bareng anak nglilir, Ibu ngendiko,
Wis gek ndang bobok maneh ben ndang sehat,…… Ibu durung ngantuk
Yen anak wis rampung sekolah, iso kerjo arep kirim duwit
Ibu ngendikan
simpenen wae kanggo celengan, Ibu isih duwe duwit.
Ibu ngapusi lelakon uripe, Ibu nganggep anak koyo bocah cilik terus, Ibu tansah sumelang, tansah mikir kahanan anake
Ibu ora mikir sepiro sugihe anak,….
Ibu ngapusi merga rasa ikhlas lan luhur pengorbanane.
Duh,…..Gusti Allah,….
Mugi2 dipun ngapunten sedoyo kalepatanipun, dipun tampi sedoyo amal kesaenanipun Ibu kulo
Aamiin 3x….Yaa Robbal’aalamiin….
????