*Sang Aji Katresnan Gusti* 

 _(karya : Qoriatul Hidayah)_
Awit raga iki iseh bayi

Amung sliramu wibi

Kang setya among rina wengi

Tansah sabar lan tlaten ngopeni

Ngantos dumugi dewasa

Pitutur kang sarwa endah

Tetep kaucap ing lathi

Apti atmaja paring basuki
Duh wibi…

Sang aji katresnan Gusti

Waspa tansah tumetes ing pipi

Aksama agung marang sariramu

Durung bisa agawe bungah ing manah

Iseh kerep agawe ati rudita

Angga iki amung bisa dedonga

Mugi kaparing sehat lair batin

Kanthi rahayu saking Gusti

Aamiin…
Untuk Ibu Maria

1 thought on “Puisi Untuk Ibu

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *