Kudang Dalu
Dening: D.R. Widyan
Kagem: ingkang kula tresnani ibu
Gregah nuli bidhal amargi mireng
swara tangisku mbiyawara
methit ing pangrungu
dalu singlu tangisku tan nglagu
kaya weruh galake diyu
dhuh ibu senadyan ora mangerti karepku
tansah ngusada supaya temu guyuku
“tak lela lela lela le gung,
cup menenga anaku sing bagus dhewe”
swara anteb tur serak
ora kliru pangrunguku
yen aku wis isa matur
“panjenengan sare mawon”
yen aku wus meneng
“pintere anake sapa?”
dhawuh ibu marang golekan nduwe nyawa iki
Bu… menika pitakon punapa piweling?
yen ibu dhawuh saiki
bakal dak wangsuli
kula putranipun panjenengan,
kula putranipun panjengan.
“bagus dhewe anake sapa?”
“kula putranipun panjengan”
menawi menika piweling
kula eling kula putranipun panjenengan
sagegem tresna,
sapucuking kuku asih
durung bisa aweh piwales
tresna asih marang putra panjenengan